Rabu, 19 Maret 2014

TEKS LAPORAN PERJALANAN BAHASA JAWA



DESA KINAHREJO

            Preinan semester setunggal kelas pitu kulo dolan wonten Desa Kinahrejo. kulo tindak saking ndalem jam wolu enjang. Dugi mriko jam kaleh welas siang, banjur sholat rumiyin. Kinahrejo iku wonten lereng Gunung Merapi. Kulo wonten mriko kaleh kelurga kulo.
                        Wonten mriko kathah wisatawan utawi turis lokal lan turis manca. Saking kathahe wonten tanjakan pas badhe mlebet Desa Kinahrejo kendaraan pada macet. Bubar mlebet Desa Kinahrejo kulo banjur nggolek penggonan kagem parker.
Wonten mriko kulo ningali tipake engkang kena awan panas utawa “Wedus Gembel”. Awan panas iku abluk panas engkang dipun etokaken dening gunung merapi. Kulo uga ningali bekas griyane Mbah Marijan. Mbah Marijan iku Juru kunci wonten Gunung Merapi menika. Wonten jejere omah wonten mesjid engkang sampun ambruk. Wonten mriko mboten wonten omah utawa wit-witan engkang tasih ngadek, wontene nemung pasir lan bekas-bekas omah engkang sampun ambruk.
Mboten krasa sampun sore kulo kaleh kluarga kulo bnjur wangsul. Saderengipun dugi ndalem kulo mampir rumiyin wonten toko oleh-oleh. Wonten mriko kulo tumbas oleh-oleh kagem sederek engkang wonten ndalem. Bubar tumbas oleh-oleh kulo banjur maem rumiyin wonten warung makan Padang. Saderenge wangsul kulo mampir rumiyin wonten sederek kulo engkang wonten Magelang. Kulo wonten mriko leren sekedap banjur mlampah wangsul. Kulo dugi ndalem jam wolu mbengi.

Tidak ada komentar: