Selasa, 26 November 2013

Cerita Ramayana ( Bahasa Jawa )



KUMBAKARNA GUGUR


          Ing crita Ramayana iku anasedulure Dasamuka nduwe watak apik ora kaya Dhasamuka, watake alus lan satria. Sakjrone perang Barata Yudha Ngalengka Kumbakarna maju dadi senopati. Sadurunge maju dadi senopati Kumbakarna dolan ing nggone kakangne yaiku Prabu Dhasamuka. Nalika semana dijak omong-omong sakjrone perang Baratha Yudha Ngalengka.
          Banjur Kumbakarna disuguhi pakanan akeh. Kumbakarna kanda “Kakang Dhasamuka, iki pakanan sakmene arep tak enteke kabeh kowe ikhlas opo ora ?”. Banjur Dhasamuka njawab “aku ikhlas, wis enteke kabeh ora opo-opo”. Kumbakarna banjur ngenteke suguhane mau. Bubar Kumbakarna mangan Dhasamuka banjur ngomong marang Kumbakarna “Adhiku Kumbakarna, saiki awakmu wis sehat lan wis rosa, majua dadi senopati ngadepi prajurit Ayodya !”. Kumbakarna kanda “aku gelem kang, tapi Dewi Shinta kudu di belekake marang Prabu Rama Wijaya”. Prabu Dhasamuka banjur nesu lan ngolok-olok olehe ngeki pakanan mau. Kumbakarna uga melui nesu, pakanane banjur di utahake karo mangkat ing palagan peperangan.
          Tekan kono Kumbakarna weruh anake loro wes pada mati. Jenenge Aswanekumba lan Kumbakinumba.”aku perang ora arep mbelani kakangku Dhasamuka, tapi mbelani patine anaku loro lan negari Ngalengka”. Tapi Kumbakarna banjur gugur perang karo Sri Rama Wijaya Ratu Ayodya.

Tidak ada komentar: